Wednesday, 6 May 2015

KANGGO ANAK-ANAKKU SEK TAK TRESNANI

anak -anakku, wektu iku salah siji saka makhluk- E Gusti Allooh kang ora bisa leren, apa maneh mandheg. Wektu terus lumaku anut kersaning Gusti Alloh. Ono sing ngibaratake wektu iku kayadene pedhang, sok sapa wae sing pinter nggunaake wektu kaya dene wong kang pinter nggunaake pedhange, nanging sawalike sok sapa wae sing nglirwaake (tidak menghargai) wektune, ati ati.... bakal katebas dening pedhang iku mau.

Ono gegayutan karo bab mau, bapakmu aweh pepeling marang kowe kabeh. Wektu ujian sekolahmu kena diarani mung kari sesuk. Mula pinter- pintera nggunaake wektu ya le, ya nok, supaya ora nemu getun ing tembene.

Tresnaku marang kowe kabeh, mbok manawa wis ora kena ditimbang maneh. Lan kowe kabeh yo ngerti. Saben wektu, sing ana ing atiku mung sliramu kabeh.  Imbangana tresnane bapakmu iki, kanthi nuntun tanganku kanggo nulisake biji sing paling apik kanggo kowe.
Eling yo le, eling yo nok..., bapakmu wis nyedhiaake biji satus kanggo saben kowe, jupukken, jupukken. Anak- anakku sing wis lengganan biji elek, mandhega, mandhega. gantinen nganggo biji sin paling apik.

Bapakmu percaya yen sliramu kabeh tenane bocah- bocah sing pinter. Biji elek dhek wingi- wingi iku amarga durung katog anggonmu nggunaake potensimu. (kalian mempunyai kemampuan, tetapi kurang kemauan ). Buktekna ya le, ya nok, yen sliramu kabeh bisa ninggali biji sing paling apik tumrap adhi- adhimu.

Wusanane, percayaa ! tersnane bapakmu tansah mbanyu mili kanggo kasile gegayuhanmu .
Muga Gusti Alloh tansah njangkung ing saben jangkahmu . Amin.

0 komentar:

Post a Comment