Showing posts with label KEGIATAN-KEGIATAN. Show all posts

Tuesday, 6 September 2016
Saturday, 3 October 2015
AKREDITASI SDN BANYURADEN
SD Negeri
Banyuraden Ikut Akreditasi!
Tim
Akreditasi SD Negeri Banyuraden yang berpangkalan di Dowangan, Banyuraden,
Gamping, Sleman, dengan suka-cita menerima kehadiran Tim Assesor Akreditasi
Sekolah/Madrasah dari Badan Akreditasi Provinsi (BAP) Daerah Istimewa
Yogyakarta pada hari Senin, 28 s.d. Selasa, 29 September 2015. Dengan suka-cita
karena mempunyai harapan besar, sekolah dapat memperoleh predikat
terakreditasi sehingga sehingga ke depan sekolah dalam melaksanakan ujian tidak
perlu menggabung ke sekolah lain yang terakreditasi. Di samping itu juga
sebagai tolok ukur tingkat capaian pengelolaan sekolah secara menyeluruh.
Tim Assesor dari BAP DIY
meliputi : Sukrisno, S.Pd. dan Dra. Kwiyanti Murtiningsih, S.Ag., tugas kesehariannya sebagai Pengawas TK/ SD
di Kecamatan Turi dan Berbah. Berkat pengalamannya dalam melaksanakan visitasi
dilaksanakan dengan sersan (sirius tetapi santai) namun tidak meninggalkan
profesionalitasnya sebagai assesor. Beliau teliti, akurat, menyeluruh, terbuka dan terjaga
akuntabilitas dan validitasnya. Pelaksanaan visitasi berjalan lancar dapat
diselesaikan sesuai jadwal , karena bukti fisik telah ditata sedemikian rupa
sehingga memungkinkan pelaksanaan visitasi berjalan lancar. Juga KetuaTim Akreditasi Sekolah yang telah
membagi tugas pendampingan assesor dalam visitasi. Berikut personal-personal sebagai pendamping assesor:
1.
Sardi, Kepala sekolah
(Ketua Tim Akreditasi sekolah)
2.
Khasanah, pendamping assesor untuk visitasi
standar 1 (Standar Isi)
3.
Wahyuningsih, pendamping assesor untuk visitasi
standar 2 (Standar Proses)
4.
Eni Sukasmiatun, pendamping
assesor
untuk visitasi standar 3 (Standar Kelulusan)
5.
Sutiyati, pendamping assesor untuk visitasi
standar 4 (Standar Pendidik dan Tenaga Pependidikan)
6.
Mulyaarja, pendamping assesor untuk visitasi
standar 5 (Standar Sarana dan Prasarana)
7.
Muslih, pendamping assesor untuik visitasi
standar 6 (Standar Pengelolaan)
8.
Eni Purwanti, pendamping assesor untuk visitasi
standar 7 (Standar Pembiayaan)
9.
Sujono, pendamping assesor untuk visitasi standar 8 (Standar Penilaian)
10.
Iwan Santoso dan Hidayat
Nur Prasetyo, pembantu umum
Berikut
berita dalam gambar pelaksanaan visitasi:
Wednesday, 6 May 2015
KANGGO ANAK-ANAKKU SEK TAK TRESNANI
anak -anakku, wektu iku salah siji saka makhluk- E Gusti Allooh kang ora bisa leren, apa maneh mandheg. Wektu terus lumaku anut kersaning Gusti Alloh. Ono sing ngibaratake wektu iku kayadene pedhang, sok sapa wae sing pinter nggunaake wektu kaya dene wong kang pinter nggunaake pedhange, nanging sawalike sok sapa wae sing nglirwaake (tidak menghargai) wektune, ati ati.... bakal katebas dening pedhang iku mau.
Ono gegayutan karo bab mau, bapakmu aweh pepeling marang kowe kabeh. Wektu ujian sekolahmu kena diarani mung kari sesuk. Mula pinter- pintera nggunaake wektu ya le, ya nok, supaya ora nemu getun ing tembene.
Tresnaku marang kowe kabeh, mbok manawa wis ora kena ditimbang maneh. Lan kowe kabeh yo ngerti. Saben wektu, sing ana ing atiku mung sliramu kabeh. Imbangana tresnane bapakmu iki, kanthi nuntun tanganku kanggo nulisake biji sing paling apik kanggo kowe.
Eling yo le, eling yo nok..., bapakmu wis nyedhiaake biji satus kanggo saben kowe, jupukken, jupukken. Anak- anakku sing wis lengganan biji elek, mandhega, mandhega. gantinen nganggo biji sin paling apik.
Bapakmu percaya yen sliramu kabeh tenane bocah- bocah sing pinter. Biji elek dhek wingi- wingi iku amarga durung katog anggonmu nggunaake potensimu. (kalian mempunyai kemampuan, tetapi kurang kemauan ). Buktekna ya le, ya nok, yen sliramu kabeh bisa ninggali biji sing paling apik tumrap adhi- adhimu.
Wusanane, percayaa ! tersnane bapakmu tansah mbanyu mili kanggo kasile gegayuhanmu .
Muga Gusti Alloh tansah njangkung ing saben jangkahmu . Amin.

Thursday, 18 December 2014
GEGOJEGAN SEDHELA YO CAH
SELENCO
Caritane ana wong loro. loro- lorone budheg. Sing siji jenenge Mbah Karso, lan sijine Lek Giyo.
Salah sawijining dina Lek Giyo bali saka pasar kewan lan nuntun sapi olehe tuku. Ndilalah ketemu karo Mbah Karso. Gandheng wis padha tepung , banjur padha sapa aruh, mangkene :
Mbah Karso : " Tukon piro le sapine ?"
Lek Giyo : " Lanang, je Mbah ."
Mbah Karso : " Wah, iyo murah tenan kuwi ."
Aku sing meruhi kahanan iku, mung mesem.
( apa sababe kok bisa mangkono ? sabab saklorone kalebu uleg- uleg kayu sengon,, yaiku wong sing budheg alias suda rungon )
PANCEN ANEH BIN AJAIB MURID- MURIDKU IKI
Tenane aku mangkel, nanging arep mangkel karo sapa? lha wong pancen jamane wis owah, apa sing diwulangake ing sekolahan, wis ora pati dienggo ing masyarakat.Iki bab wulangan basa jawa. Bocah- bocah oleh biji elek. Aku banjur mancing bocah -bocah kanthi crita lan pitakonan.
Cah, pak Jono tak crita, mengko wenehana alasane, apa sababe bisa mangkono.
Nggih paaaaakkk, semaure bocah -bocah bebarengan.
Ngene, Pak Jono gumun banget karo bocah- bocah Inggris, isih cilik- cilik nanging wis pinter ngomong nganggo basa inggris, kamongko awake dhewe nganti gedhe samene kok ora biso yo ? paling- paling mung bisa ngomong i love you, yes no, yes no, ngono thok. Ayo sapa sing ngerti apa sababe ?
Bocah sakelas bareng semaur, lan semune nganggep gurune ora dhong.
Mangkene semaure : Lha nggih mesthi to pak, lha wong cah inggris , mesthi mawon pinter basa inggris.
Banjur aku crita lan takon maneh.
La kok bocah Jepang malah pinter basa jepang, lan ora pinter basa arab utawa basa using ? kepriye yen ngono kuwi ?
Bocah -bocah kanthi manteb mangsuli, lha niku cah jepang je pak.
Salah sijine bocah malah nambahi , nek cah Perancis nggih pinter basa perancis, cah Cina pinter basa cina , niku mesthi pak, kok ndadak dicritakke.
Awas kowe ( batinku), nanging isih dak ulur- ulur omongan mau. Dadi mesthi ngono yo cah ?
Mesthi pak !!! Tenan ? pitakonku. Nggggggggggiiiiiiiiihhhhhhhhhh.
Aku banjur takon, kowe bocah ngendi cah ? cah jawa pak. terus dak bacutake , iku tegese kowe mesthi pinter basa jawa to ? Nanging kok basa jawamu bijine njijiki ?
Bocah -bocah pating plendus, pandeng- pandengan karo kancane.
Skakmat kowe saiki, piye jal ? piye jal ? ya to, ya to, ya to ???????????????
.

Monday, 10 June 2013
KELULUSAN 2012/2013
tanggal 1 Juni 2013, alhamdulillah sedaya siswa sd banyuraden tahun ajaran 2012/2013 dipun pratelaaken lulus 100%. Mugi sadaya panjangkanipun saged kajangkah kanthi nirbaya, nirwikara,tansah pinaringan gampil ing sadayanipun. Amin amin amin